Jumat, 16 Oktober 2015

cariyos pengalamanku

Cariyos pengalaman
Dirubung Ngangrang


                Nalika aku karo Audrey ndhiluk dhelok drama korea ono ing laptop ngomahku pas sore-sore. Yudha anakke tenggaku liwat ono ing ngarep ngomahku lagi ngepit ngulon karo ngleleng.
Aku        : “Halah meng gor Yudha liwat we mengko rak delet mengkas nangis”
Audrey : “Lha iyo ra sembodo karo potongan rambute”
Aku        : “Kae ki mung cah gembengan, ono opo titik nangis”
Audrey : “Hooh lha wong guderan karo adhiku, deweke sing nuthuk adhiku, terus dibales karo adhiku,     malah deweke sing nangis nganti gembar-gembor”
Aku        : “Eh, malah ngomongke Yudha terus, ayo gek dhelok drama korea ne meneh”
Audrey : “Wo alah iyo, yo gek ayo malah dadi lali aku”
                Ra let suwe, tenan Yudha nangis. Aku karo Audrey nguyu ngakak.
Aku        : “Lho rak tenant ho bedhekanne awake dewe”
Audrey : “Gek kae ngopo malah nagis barang saiki marake brebek”
Aku        : “Eee, emboh kae”
                Aku karo Audrey penasaran banjur nutup laptop lan gage metu seko ngomahku. Yudha wis dadi tontonan tanggaku.
Aku        : “Mbak ngopoe Yudha ki kok nangis”
Mbak Rina : “Tibo seko pit terus dirubung ngangrang ning kidul kandang wedus kuwi”
Aku        : “Hah tibo seko pit terus dirubung ngangrang”
                Walah kok iso yo, pancen sek jenenge Yudha tanggaku ki yo ngono kuwi marakke ngakak wong liyan.