Minggu, 13 Desember 2015

Tugas Pawartos

Tugas bahasa jawa


Labuhan Honodento

Pepenggihan malih sak lebeting Pawartos Ngayogyakarto sesarengan kulo Wening Prastiwi ing siang menika badhe katur reroncengin  pawartos sosial kabudayaan ingkang migunani lan merakyat saking Ngayogyakarto lan sak kiwo tengenipun. Pamirsa sumangga dipunsemak jangkeping Pawartos Ngayogyakarto.
Labuhan Honodento inggih salah sawijining adat ingkang ngantos sak mangke tasih dileluhuri kados sing diadani kalian Yayasan Honodento dinten Rebo siang tanggal 15 Suro 1437 H utawi tanggal 27 Oktober 2015 ing pesisir Pantai Parangkusumo, Kretek, Bantul.
Kanthi ngagem busana kaprajuritan, iring-iringan keratin ngadani Lelabuhan Honodento saking Cempuri Parangkusumo tumuju dhateng pesisir Pantai Parangkusumo. Iring-iringan menika kangge miwiti Lelabuhan Honodento. Dene ing wingkingipun para putri mlampah dipun songsongi songsong susun. Dhateng sak kiwo tengene margi kirap kathah warga masyarakat ugi wisatawan ingkang ningali lampahipun upacara menika.
Dumugi dugi ing pesisir Pantai Parangkusumo para peserta labuhan lenggah sejajar madep samudra, Juru kunci Pantai Parangkusumo miwiti lampahipun upacara kanthi ngunjukaken dongo. Saklajengipun perawakilan Yayasan Honodento saking sak wentawis kita ugi ngunjukaken dongo.
Salah satunggaling panitia labuhan ngendika labuhan menika labuhan ingkang kaping sekawan dasa setunggal, minangka sarana menteri budaya jawa. Kangge lampahing upacara sak mangke dipun sengkuyung dene Dinas Kebudayaan DIY.
Mekaten paripurna Pawartos Ngayogyakarta ing siang menika 5 November 2015 sedaya kanca ingkang nyawiji karya sastra, kulo Wening Prastiwi ngaturaken angunging panuwun awit kawigatosan panjenengan tetepa nyawiji kalian Jogja TV.

5 November 2015