Kamis, 19 Mei 2016

Geguritan

MANCIK TATARAN
Dening : Wening Prastiwi, dkk



Udakara angina sumlebet
Kasarengan ocehing manuk emprit
Anggawe gumyah ana ing ati
Lan gerisining kuping


Dak pecaki dina siji mbaka siji
Undhak-undhakan kang dadi landesan
Ora peduli kringet kang brebes mili
Kanthi ikhlasing ati


Bagaskara ora dadi pengalang
Tumandang kanthi rasa kareman
Dak panciki tataran siji mbaka siji
Amung kanggo golek satetes manising klapa
Kang dikaumpulake ana bumbung
Kabeh kuwi dak lakoni

Amung kanggo nyukupi urip iki