MANCIK
TATARAN
Dening
: Wening Prastiwi, dkk
Udakara angina
sumlebet
Kasarengan
ocehing manuk emprit
Anggawe gumyah
ana ing ati
Lan gerisining
kuping
Dak pecaki dina
siji mbaka siji
Undhak-undhakan
kang dadi landesan
Ora peduli
kringet kang brebes mili
Kanthi ikhlasing
ati
Bagaskara ora
dadi pengalang
Tumandang kanthi
rasa kareman
Dak panciki
tataran siji mbaka siji
Amung kanggo
golek satetes manising klapa
Kang
dikaumpulake ana bumbung
Kabeh kuwi dak
lakoni
Amung kanggo
nyukupi urip iki