Lambe
Mesem
Tahun iki wis arep tahun sabanjure, musim liburan wis kawiwitan, bocah
sekolah wis pada sumringah. Wanci iki salju medun kanti akeh. Godong sing ana
ing wit-witan pada kabotan nadahi salju marakake pada mendun dadi muntuk-muntuk
ana ing pelataran jembar utawa papan sing sempit. Angine gawa hawa adem nganti krasa
tekan balung. Wong-wong pada nganggo klambi kandel, kethu, sepatu, sarung
tangan, lan syal kanggo buntel awak
sing rasane kademen.
Pada biasane Tifa mesti dodolan barang
dagangan kanggo ngewangi wong tuane nyukupi kabutuhan keluarga. Dodolanne
gonta-ganti ana roti kering, roti teles, permen, wedang, lan panganan liyane
pendhak awan lan wengi. Adhike ana loro isih cilik-cilik sing senengane tasih
rewel lan siji wis rada gedhe mula bisa ngemomg sing isih cilik saben ditinggal
kerja Tifa lan ibune. Bapakne wis telung sasi iki tilar donya. Mula saben
dinane ngewangi ibune marakake ora bisa sekolah kaya kanca-kanca liyane.
Wanci wengi iki Tifa metu omah, klambi tipis
lan luthuk, sandal gegeden kanggo sikile, sirah sek ora nganggo kethu, gulu sek
ora nganggo syal , lan gawa kotakan
sing isine dodolan yaiku rek jres. Angin sepoi–sepoi
lan hawa adem ora ngalangi Tifa dodolan. Semangat sing ana ing awake ngalahake
hawa adem iku. Ing tengah perjalanan Tifa weruh wong-wong sing kira-kira
sapantaran umure pada dolanan kepelan salju sing diuncal-uncalake seko wong
siji tekan wong liyane kanthi seneng sumringah. Tifa amung bisa nyawang ora
bisa melu. Tekan pinggir dalan Tifa wiwit jajakake barang dagangan kanthi
bengak-bengok lan mondar-mandir, wong ingkang pada lewat ngarepe pada ditawani nanging
ora ono sek tuku.
Saya wengi saya adem angin sing mau sembribit
malik dadi tambah adem. Tifa nyebrang dalan gawa barang dagangane karo nglamun
mikirake kahanan ngomah sing mesti pada ngarep-arep Tifa bali gawa duwit akeh. Tifa
ngasa uwis tekan ana ing pinggir dalan nanging nyatane lagi setengah dalan.
Mobil sing ana tengenne wis arep nabrak Tifa, untung ora sido ketabrak.
Gara-gara mlayu kanggo ngindari mobil sandale copot ana ing tengah dalan.
Sandal terus ditemu karo bocah lanang cilik banjur akon Tifa jupuk sandal
kanthi nguyak bocah lanang mau. Tifa mlayu nguyak sandal sing digawa bocah
lanang mau, nanging mobil akeh semrawut ana ing ngarepe marakake bocah lanang
mau ora ketok irunge. Sikil sek kademen ora nganggo sepatu tambah kademem
amarga sandal sing wis ra ketok wujude.
Tifa mlaku tekan tritisan omah banjur tenguk
ana ing gelaran Koran bekas. Suara sing mau bengak-bengok dadi saya lirih.
Tekan saiki urung ana sing gelem tuku rek jrese Tifa. Tifa leren bengok amarga
tanganne saya suwe kademen. Rek jres dagangane diurupke siji kanggo ngangetake
tangan sinambi bayangake menawa Tifa ana ing ruangan sing apik, tenguk ing ngarep tungku geni sing murup
mobyar-mobyar, lan nganggo klambi, sepatu, kethu, syal, lan klambi anget. Rek
wis entek banjur mati dadi banyangane Tifa melu ilang. Rek sak ler mau urung
bisa ngilangaake adem tangane.
Rek kepindo diurupake nanging angin nyelot
banter, supaya rek ora mati Tifa madep tembok sing ana cerake. Bayangan Tifa
metu meneh, ana ing walik tembok ana akeh panganan lan lawuh sing enak-enak.
Adhi-adhine lan ibune lagi mangan kanthi seneng. Tifa banjur mlebu ruangan iku
arep melu mangan. Urung ngangsi nyekel panganan rek jres ana ing tangane wis
mati marakke Tifa ora sido mangan lan bali ana ing kasunyataan.
Tifa baleni anggone bengok mbok menawa ana
sing gelem tuku daganganne. Bengokan ngangsi wis tekan kaping pitu tor isih
urung ana sing gelem tuku. Bareng wis bengokan kaping wolu ana sing gelem tuku
nanging ora sida amarga rek jres mau wis pada kelong kanggo ngangetake tangan
mau. Bareng wong iku lunga ora sido tuku tanggane Tifa bali kademen. Tifa
banjur ngetokake sak lencer rek jres disumet kanggo tanggane sing kademen. Rek iku
murup kanthi itir-itir kena anggin sing sembribit. Bayangan iki metu meneh
nanging ora bayangan kang cilik, bayangan iki jedul gedhe amarga wis dadi mimpi. Simbah sing wis tilar donya malah
marani. Simbah katon netesake eluh seneng amarga ketemu karo putune, Tifa sami
seneng amarga simbah sing suwe niggalake marani kanti esem sing sumringah.
Bareng Tifa nyawang simbah rada suwi Tifa jaluk supaya bapak ditekanke ngarepe.
Nganging simbah durung ngangsi ngendika, rek jres ing tanggane Tifa wis mati. Tifa
ngasa susah amarga sedilit maneh wis bisa ketemu bapak sing wis dikangeni wektu
iki.
Supaya Tifa bisa ketemu bapak, Tifa ngurupake
rek jres maneh. Tenan ora let suwe impi bali meneh saka simbah sing teka tekan Tifa
jaluk tulung supaya ketemu bapak. Simbah mangsuli menawa arep ketemu bapak
tunggu sedela amarga simbah kudu goleki bapakne. Supaya Rek jres ora mati Tifa
karo merem ngurupake rek jres sik liyane terus tekan impine entek. Bapak tekan
ngarepe Tifa banjur ngruket karo nangis seneng. Bapak karo Tifa pada tekon
kabar, kabar bapak apik amarga ing kono wis seneng lan kabar Tifa tasih
sengsara ing donya. Langit sing cerah kebak lintang pada disawang kanthi
seneng. Dumadakan lintang tiba sing katon cemlorot, bapak ngendika menawa ana
lintang tiba panjalukan apa wae bakal diwujudake marang kang kuasa. Tifa banjur
donga menawa pepiginane bakal diwujudake, Tifa pingin melu simbah lan bapak ing
kene supaya seneng terus sing ora perlu mikirake kasengsaraan donya. Bareng wis
esok wong-wong pada ngawang Tifa ana ing tritis omah sing sekitare akeh rek
jres pada sumebar lan ing lambene mesem seneng.
Unsur
Instrinsik :
1.
Tema : Kahuripan
2.
Latar
Ø Latar
papan : omah Tifa, dalan, pinggir dalan, tritisan omah
Ø Latar
wekdal : wengi, esok
Ø Latar
kawontenan : semrawut, seneng, susah
3.
Alur : alur maju
4.
Watak
Ø Tifa :
semangat kerja, bakti marang wong tuane, sabar
Ø Bocah
lanang cilik : nakal
Ø Simbah :
sayang karo putune, penulung
Ø Bapak :
sayang karo anakke
5.
Piwucal luhur :
Ø Supaya
para anak bakti marang wong tuane lan semangat kerja
Ø Ora niru
dadi bocah sing nakal
Ø Sayang
marang wong liya
Ø Dadi wong
kang seneng tetulung
6.
Lelewaning basa : kulo nyerat cerkak punika
ngangge basa jawa ingkang ngoko
7.
Cara panyerat nyariyosaken : kulo nyerat cerkak
punika ngangge tiyang ingkang katiga.