Cariyos pengalaman
Dirubung Ngangrang
Nalika aku
karo Audrey ndhiluk dhelok drama korea ono ing laptop ngomahku pas sore-sore.
Yudha anakke tenggaku liwat ono ing ngarep ngomahku lagi ngepit ngulon karo
ngleleng.
Aku : “Halah
meng gor Yudha liwat we mengko rak delet mengkas nangis”
Audrey : “Lha iyo ra sembodo karo potongan rambute”
Aku : “Kae ki
mung cah gembengan, ono opo titik nangis”
Audrey : “Hooh lha wong guderan karo adhiku, deweke sing
nuthuk adhiku, terus dibales karo adhiku,
malah deweke sing nangis nganti gembar-gembor”
Aku : “Eh, malah
ngomongke Yudha terus, ayo gek dhelok drama korea ne meneh”
Audrey : “Wo alah iyo, yo gek ayo malah dadi lali aku”
Ra let
suwe, tenan Yudha nangis. Aku karo Audrey nguyu ngakak.
Aku : “Lho rak
tenant ho bedhekanne awake dewe”
Audrey : “Gek kae ngopo malah nagis barang saiki marake
brebek”
Aku : “Eee,
emboh kae”
Aku
karo Audrey penasaran banjur nutup laptop lan gage metu seko ngomahku. Yudha
wis dadi tontonan tanggaku.
Aku : “Mbak
ngopoe Yudha ki kok nangis”
Mbak Rina : “Tibo seko pit terus dirubung ngangrang ning
kidul kandang wedus kuwi”
Aku : “Hah tibo
seko pit terus dirubung ngangrang”
Walah
kok iso yo, pancen sek jenenge Yudha tanggaku ki yo ngono kuwi marakke ngakak
wong liyan.