Tugas
bahasa jawa
Labuhan Honodento
Pepenggihan malih sak lebeting Pawartos Ngayogyakarto sesarengan
kulo Wening Prastiwi ing siang menika badhe katur reroncengin pawartos sosial kabudayaan ingkang migunani
lan merakyat saking Ngayogyakarto lan sak kiwo tengenipun. Pamirsa sumangga
dipunsemak jangkeping Pawartos Ngayogyakarto.
Labuhan Honodento inggih salah sawijining adat ingkang ngantos sak
mangke tasih dileluhuri kados sing diadani kalian Yayasan Honodento dinten Rebo
siang tanggal 15 Suro 1437 H utawi tanggal 27 Oktober 2015 ing pesisir Pantai
Parangkusumo, Kretek, Bantul.
Kanthi ngagem busana kaprajuritan, iring-iringan keratin ngadani
Lelabuhan Honodento saking Cempuri Parangkusumo tumuju dhateng pesisir Pantai
Parangkusumo. Iring-iringan menika kangge miwiti Lelabuhan Honodento. Dene ing
wingkingipun para putri mlampah dipun songsongi songsong susun. Dhateng sak
kiwo tengene margi kirap kathah warga masyarakat ugi wisatawan ingkang ningali
lampahipun upacara menika.
Dumugi dugi ing pesisir Pantai Parangkusumo para peserta labuhan
lenggah sejajar madep samudra, Juru kunci Pantai Parangkusumo miwiti lampahipun
upacara kanthi ngunjukaken dongo. Saklajengipun perawakilan Yayasan Honodento
saking sak wentawis kita ugi ngunjukaken dongo.
Salah satunggaling panitia labuhan ngendika labuhan menika labuhan
ingkang kaping sekawan dasa setunggal, minangka sarana menteri budaya jawa.
Kangge lampahing upacara sak mangke dipun sengkuyung dene Dinas Kebudayaan DIY.
Mekaten paripurna Pawartos Ngayogyakarta ing siang menika 5
November 2015 sedaya kanca ingkang nyawiji karya sastra, kulo Wening Prastiwi
ngaturaken angunging panuwun awit kawigatosan panjenengan tetepa nyawiji kalian
Jogja TV.
5 November 2015