Sabtu, 16 September 2017

cerkak

Lambe Mesem

Tahun iki wis arep tahun sabanjure, musim liburan wis kawiwitan, bocah sekolah wis pada sumringah. Wanci iki salju medun kanti akeh. Godong sing ana ing wit-witan pada kabotan nadahi salju marakake pada mendun dadi muntuk-muntuk ana ing pelataran jembar utawa papan sing sempit. Angine gawa hawa adem nganti krasa tekan balung. Wong-wong pada nganggo klambi kandel, kethu, sepatu, sarung tangan, lan syal kanggo buntel awak sing rasane kademen.
Pada biasane Tifa mesti dodolan barang dagangan kanggo ngewangi wong tuane nyukupi kabutuhan keluarga. Dodolanne gonta-ganti ana roti kering, roti teles, permen, wedang, lan panganan liyane pendhak awan lan wengi. Adhike ana loro isih cilik-cilik sing senengane tasih rewel lan siji wis rada gedhe mula bisa ngemomg sing isih cilik saben ditinggal kerja Tifa lan ibune. Bapakne wis telung sasi iki tilar donya. Mula saben dinane ngewangi ibune marakake ora bisa sekolah kaya kanca-kanca liyane.
Wanci wengi iki Tifa metu omah, klambi tipis lan luthuk, sandal gegeden kanggo sikile, sirah sek ora nganggo kethu, gulu sek ora nganggo syal , lan gawa kotakan sing isine dodolan yaiku rek jres. Angin sepoi–sepoi lan hawa adem ora ngalangi Tifa dodolan. Semangat sing ana ing awake ngalahake hawa adem iku. Ing tengah perjalanan Tifa weruh wong-wong sing kira-kira sapantaran umure pada dolanan kepelan salju sing diuncal-uncalake seko wong siji tekan wong liyane kanthi seneng sumringah. Tifa amung bisa nyawang ora bisa melu. Tekan pinggir dalan Tifa wiwit jajakake barang dagangan kanthi bengak-bengok lan mondar-mandir, wong ingkang pada lewat ngarepe pada ditawani nanging ora ono sek tuku.
Saya wengi saya adem angin sing mau sembribit malik dadi tambah adem. Tifa nyebrang dalan gawa barang dagangane karo nglamun mikirake kahanan ngomah sing mesti pada ngarep-arep Tifa bali gawa duwit akeh. Tifa ngasa uwis tekan ana ing pinggir dalan nanging nyatane lagi setengah dalan. Mobil sing ana tengenne wis arep nabrak Tifa, untung ora sido ketabrak. Gara-gara mlayu kanggo ngindari mobil sandale copot ana ing tengah dalan. Sandal terus ditemu karo bocah lanang cilik banjur akon Tifa jupuk sandal kanthi nguyak bocah lanang mau. Tifa mlayu nguyak sandal sing digawa bocah lanang mau, nanging mobil akeh semrawut ana ing ngarepe marakake bocah lanang mau ora ketok irunge. Sikil sek kademen ora nganggo sepatu tambah kademem amarga sandal sing wis ra ketok wujude.
Tifa mlaku tekan tritisan omah banjur tenguk ana ing gelaran Koran bekas. Suara sing mau bengak-bengok dadi saya lirih. Tekan saiki urung ana sing gelem tuku rek jrese Tifa. Tifa leren bengok amarga tanganne saya suwe kademen. Rek jres dagangane diurupke siji kanggo ngangetake tangan sinambi bayangake menawa Tifa ana ing ruangan sing apik, tenguk ing ngarep tungku geni sing murup mobyar-mobyar, lan nganggo klambi, sepatu, kethu, syal, lan klambi anget. Rek wis entek banjur mati dadi banyangane Tifa melu ilang. Rek sak ler mau urung bisa ngilangaake adem tangane.
Rek kepindo diurupake nanging angin nyelot banter, supaya rek ora mati Tifa madep tembok sing ana cerake. Bayangan Tifa metu meneh, ana ing walik tembok ana akeh panganan lan lawuh sing enak-enak. Adhi-adhine lan ibune lagi mangan kanthi seneng. Tifa banjur mlebu ruangan iku arep melu mangan. Urung ngangsi nyekel panganan rek jres ana ing tangane wis mati marakke Tifa ora sido mangan lan bali ana ing kasunyataan.
Tifa baleni anggone bengok mbok menawa ana sing gelem tuku daganganne. Bengokan ngangsi wis tekan kaping pitu tor isih urung ana sing gelem tuku. Bareng wis bengokan kaping wolu ana sing gelem tuku nanging ora sida amarga rek jres mau wis pada kelong kanggo ngangetake tangan mau. Bareng wong iku lunga ora sido tuku tanggane Tifa bali kademen. Tifa banjur ngetokake sak lencer rek jres disumet kanggo tanggane sing kademen. Rek iku murup kanthi itir-itir kena anggin sing sembribit. Bayangan iki metu meneh nanging ora bayangan kang cilik, bayangan iki jedul gedhe amarga wis dadi mimpi. Simbah sing wis tilar donya malah marani. Simbah katon netesake eluh seneng amarga ketemu karo putune, Tifa sami seneng amarga simbah sing suwe niggalake marani kanti esem sing sumringah. Bareng Tifa nyawang simbah rada suwi Tifa jaluk supaya bapak ditekanke ngarepe. Nganging simbah durung ngangsi ngendika, rek jres ing tanggane Tifa wis mati. Tifa ngasa susah amarga sedilit maneh wis bisa ketemu bapak sing wis dikangeni wektu iki.
Supaya Tifa bisa ketemu bapak, Tifa ngurupake rek jres maneh. Tenan ora let suwe impi bali meneh saka simbah sing teka tekan Tifa jaluk tulung supaya ketemu bapak. Simbah mangsuli menawa arep ketemu bapak tunggu sedela amarga simbah kudu goleki bapakne. Supaya Rek jres ora mati Tifa karo merem ngurupake rek jres sik liyane terus tekan impine entek. Bapak tekan ngarepe Tifa banjur ngruket karo nangis seneng. Bapak karo Tifa pada tekon kabar, kabar bapak apik amarga ing kono wis seneng lan kabar Tifa tasih sengsara ing donya. Langit sing cerah kebak lintang pada disawang kanthi seneng. Dumadakan lintang tiba sing katon cemlorot, bapak ngendika menawa ana lintang tiba panjalukan apa wae bakal diwujudake marang kang kuasa. Tifa banjur donga menawa pepiginane bakal diwujudake, Tifa pingin melu simbah lan bapak ing kene supaya seneng terus sing ora perlu mikirake kasengsaraan donya. Bareng wis esok wong-wong pada ngawang Tifa ana ing tritis omah sing sekitare akeh rek jres pada sumebar lan ing lambene mesem seneng.



Unsur Instrinsik :

1.     Tema : Kahuripan
2.    Latar
Ø  Latar papan : omah Tifa, dalan, pinggir dalan, tritisan omah
Ø  Latar wekdal : wengi, esok
Ø  Latar kawontenan : semrawut, seneng, susah
3.    Alur : alur maju
4.    Watak
Ø  Tifa : semangat kerja, bakti marang wong tuane, sabar
Ø  Bocah lanang cilik : nakal
Ø  Simbah : sayang karo putune, penulung
Ø  Bapak : sayang karo anakke
5.    Piwucal luhur :
Ø  Supaya para anak bakti marang wong tuane lan semangat kerja
Ø  Ora niru dadi bocah sing nakal
Ø  Sayang marang wong liya
Ø  Dadi wong kang seneng tetulung
6.    Lelewaning basa : kulo nyerat cerkak punika ngangge basa jawa ingkang ngoko
7.    Cara panyerat nyariyosaken : kulo nyerat cerkak punika ngangge tiyang ingkang katiga.


0 komentar:

Posting Komentar